Lirik Yeni Inka – Tamu Undangan

Minggu esuk adus mruput
Gas tipis ning resepsimu
Nyekseni ijab kabul kowe
Ro bojomu

Statusku biyen pacar
Saiki tamu undangan
Kelangan kowe
Aku oleh ijol prasmanan

Rasane bingung, isih ra percaya
Telung sasi wingi aku isih pacarmu
Jebul saiki ana wong liya
Rada sedih, pengin nangis, tapi kok wagu

Awale indah, kini berantakan
Kabeh crita mbok rampungi nganggo undangan
Aku gagah teka ning resepsinan
Kowe sesandhingan, tak tinggal nyanyi dangdutan

Aku ngerti (la-la-la)
Yen atiku mung mok nggo rekreasi
Aku sadar
Kurelakan walaupun sedikit ambyar

Minggu esuk adus mruput
Gas tipis ning resepsimu
Nyekseni ijab kabul kowe
Ro bojomu

Statusku biyen pacar
Saiki tamu undangan
Kelangan kowe
Aku oleh ijol prasmanan

Aku rumangsa durung isa nyenengke
Nuntut urip penak, ku ra kuwat sanggane
Mlakuku taunan dadi ra ana gunane
Tiwas sayang dadi ra penak atine

Ngerti-ngerti aku nampani undangan
Ana jenengmu, aku bingung ra karuwan
Biyen pacar, saiki aku dadi mantan
Dadi seksimu pas munggah ning pelaminan

Aku ngerti
Yen atiku mung mok gawe rekreasi
Aku sadar
Kurelakan walaupun sedikit ambyar

Alasanku milih dheke
Merga kowe nyepelekke
Karep pedhot
Bertahan saya abot

Kowe ra tau peduli
Sedangkan dheke gemati
Sampai jumpa, goodbye, Sayang
Aku rabi

Minggu esuk adus mruput
Gas tipis ning resepsimu
Nyekseni ijab kabul kowe
Ro bojomu

Statusku biyen pacar
Saiki tamu undangan
Kelangan kowe
Aku oleh ijol prasmanan

Leave a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Scroll to Top