Njaluk dikudang kudang
Ugo yo disayang sayang
Turune kemulan kembang
Demene didulang gedang
Awas tah uwis engko tah gumoh (2x)
Kadange kelumah kemurep
Teko mburi teko ngarep
Tambah tingkah tambah manteb
Kadang ngambul tapi arep
REFF…
Ngalor-ngidul ngulon-ngetan
Senenge noring gendongan
Nggembol empong enak temenan
Guyone genjot genjotan
Awas tah wis engko tah gumoh 2x
Seplangane bantal guling
Ngelilire njaluk maning
Masio tah gulung koming
Ganti popok ngompol maning
uwiiiss turuo dikeloni
bantalan tangan kemulan ati

