Lirik Nirmala – Arya Galih Feat Sasya Arkhisna

Nalika netra ketemu rasa
Ademing nala ora krasa
Kasengguh asih minangka sulih
Tembung lirih ngusada perih

Duh kang mas prasaja
Ora ngalih seje ukara
Aku kembang kang alum
Jinajah jalma tanpa rasa

Ibarat kembang wangimu wes ra kaya wingi uni
Ning tan ngurangi sihing ati
Sun rukti, dadya kembang kang bali wangi
Sesotyaning jalmi mustikaning warni

Duh jawata jebul sih ta ana
Priya kang hamengku kenya
Nadyan ala kang mung ana
Den usada dadya Nirmala

Sih kinasih, mong kinemong
Cahyasmara kang madangi ndonya

Leave a Comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *

Scroll to Top