Sumirat kuning suminar
Suryo wanci sore ing Terminal Blitar
Koyo koyo nguntap’ake
Budalku karo kowe menyang Banyuwangi
Gremet gremet minyak dalan
Bis Harapan Baru mlaku alon alon
Gumrengenge suoro mesin
Soyo keprungu banter ngajak rerikatan
Ing pundakmu aku senden
Atis titis rasaning tyas
Ing sak dalan-dalan kowe
Mung elus elus rambutku
Alas pareden kumintir
Minongko seksine lakonku lan kowe
Angete roso tresnamu
Soyo kroso naliko kok aras pipiku