Sineksen mbulan kekencar ing ratri.
Nggurit jagad bareng klawan si reki.
Sayang …
Natah bungah ngrengga tresna nyandhing sliramu.
Eman …
Kenya manis sesotyaku.
Lara lapa tansah nggandheng lan sira.
Lelana wana coba nrajang godha.
Nimas …
Angugemi janji suci kang wus tinali.
Yayi …
Nyawiji tekaning pati.
Sumpahing ati sayang tansah sandhingan.
Kang kadya mimi mintuna setyeng katresnan.
Pujanku sayang manggih klanggengan.
Mrih bisa kasembadan antuk jatining kasetyan
L


