Tetes jawah wanci sore
Nggugah ati rasane
Kepungkur kang kuwur
ati tan ono panglipur
Kapangku tan keno den ukur
Anget rikala kuwi
Sumandhing aku mbok kancani
Gegladen kesenian
Tuwuhing rasa katresnan
Kaya peksi cumbana ing wit-witan
Nglayang suwara donga nembus akasa
Tak gadhang dadi nyata lelumban asmara
Ndahneo bungahe
yen koe ana ing kene
Ngancani aku seng sepi dewe
Nyanggit crito lakon tresna andum rasa
Koyo tan bisa dipisahke manungsa
Janur kuning angenku bisa sembada
Nganti garing tangeh luntur rasa tresna
Ring nala sun haminta
Mring kang maha kawasa
Sembada sedya setya
Dadya nyata japa mantra
Nglayang suwara donga nembus akasa
Tak gadhang dadi nyata lelumban asmara
Ndahneo bungahe
yen koe ana ing kene
Ngancani aku seng sepi dewe
Nyanggit crito lakon tresna andum rasa
Koyo tan bisa dipisahke manungsa
Ndahneo bungahe
yen koe ana ing kene
Ngancani aku seng sepi dewe
Nyanggit crito lakon tresna andum rasa
Koyo tan bisa dipisahke manungsa
Janur kuning angenku bisa sembada
Nganti garing tangeh luntur rasa tresna
Reog ponorogo dadi seksi lakon tresna


